Selasa, 22 Agustus 2017

Belajar Ikhlas Ala Samin

*Parjo* : Kang, sampeyan ngenehi duit wong ngemis mau?
*Samin* : Iyo.
*Parjo* : Sampeyan diapusi, wong sing ngemis kae mau asline sugih, sapine akeh...
*Samin* : Ngapusi iku dudu urusanku. Kuwi urusane dekne karo Gusti Alloh
==================

*Parjo* : Lho sendalmu endi kang? Kok cekeran?
*Samin* : Ilang.
*Parjo* : Ora mbok golek'i ... sopo sing nyolong?
*Samin* : Ora, aku biyen lahir yo ora sandalan.
===================

*Parjo* : Kang, sampeyan dirasani karo Joyo.
*Samin* : Ben wae.
*Parjo* : Sampeyan ora nesu
*Samin* : Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo. Joyone yo ra nesu.
=================

*Parjo* : Kang, pitikmu dipangan asune Joyo.
*Samin* : Wes ben.
*Parjo* : Kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti?
*Samin* : Aku malah kaget nek pitikku sing mangan asune si Joyo.
==================

*Parjo* : Kang, wes mangan?
*Samin* : Durung.
*Parjo* : Mreneo tak wenehi duit.
*Samin* : Wegah. Aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit.
=================

*Parjo* : Kang, tanduranmu rusak dipangan weduse Joyo.
*Samin* : Ben wae. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan, malah omahku sing dipangan.
==================

*Parjo* : Kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor ngidul..... ora jelas?
*Samin* : Lha yo kuwi. Nek jelas, mesthi aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok.
===================

*Parjo* : Kang, klambi sing tok pepe dicolong uwong.
*Samin* : Ben. Wong salahku dewe, aku mepe klambi tak pamer2ke ning njobo.
==================

*Parjo* : Kang, kok mung mlaku? Lha jaran sing biasa tok tumpaki nang endi?
*Samin* : Ilang, alhamdulillah
*Parjo* : Kok malah alhamdulillah karo ngguya-ngguyu ki piye?
*Samin* : Lha untunge pas dicolong, aku ora pas numpak jaran, Nek pas tak tumpaki aku yo katut ilang to?.....
==================

*Parjo* : Kang, bayarane Joyo luweh gede timbang bayaranmu lho.
*Samin* : Ben.
*Parjo* : Kan ora adil.
*Samin* : Adil ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik yo emoh to?
==================

*Parjo* : Kang, pelem-mu dicolong Joyo.
*Samin* : Ben.
*Parjo* : Kok ben?
*Samin* : Lha kowe kok iyik to? Biasane yen dicolong codot aku yo meneng wae kok....
===================

*Parjo* : Kang, jare wingi omahmu kelebon maling?
*Samin* : Iyo.
*Parjo* : Lho, kok iyo? Berarti sampeyan ngerti?
*Samin* : Ngerti. Tapi aku ngumpet mergo isin ra duwe barang sing apik sing iso dimaling....
==================

*Nek sanggup koyo Samin,  uripe bakal ayem tentrem.....*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar